Wednesday, November 28, 2012

Naskah Sesorah Dengan Tema Sumpah Pemuda

Assalamualaikum wr.wb

            Bapak Kepala SMK N 1 Nanggulan ingkang kinurmatan,Bapak / Ibu guru ingkang kula hormati, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
            Langkung rumiyin sumaangga kula lan panjenengan ngaturaken puji syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan arupi kasarasan saengga ngantos wekdal punika kula lan panjenengan sedayansaged kempal manunggal kangge ngawontenaken adicara pengetan dinten Sumpah Pemuda wonten ing SMK N 1 Nanggulan.

            Sholawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW sarta para sedherekipun ingkang kita antu-antu syafa’atipun dumigi yaumul akhir samangke. Amin
            Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan , kula badhe caos atur sekedhik wonten pengetan sumpah pemuda menika.Dinten Sumpah Pemuda sampun maringi bukti bilih nagari Indonesia anggadahi tekad badhe nyawiji, nanging ing jaman sakmenika bangsa Indonesia sampan supe kaliyan sejarah perjuangsn para pahlawan, saengga sejarah tanggal 28 Oktober 1928 menika sampun anggadhahi faedah, kathah daerah badhe ngedekake nagari piyambak lan lajeng misahaken saking negari Indonesia.
            Mila, wonten pengetan Sumpah menika kita dadosaken panggrengseng semangat kita sedaya supados saged ningkataken payengkuyung pembangunan ingkang magepokaken kalian kepentingan pemuda dados generasi penerus bangsa. Kawigatosan kangge ningkataken pertumbuhan pemuda supados generasi bangsa kita kuat, sanes generasi ringkih.
            Pengetan dinten Sumpah Pemuda menika nggadhahi teges kangge saenipun kualitas lan nedahaken identitas jati dirinipun bangsa Indonesia. Bangsa ingkang ageng, berkualitas, berwibawa, lan bermatabat.Pemuda dipuntuntut kreatif lan inovatif kangge nglaksanakaken desentralisasi utawi otonomi daerah supados saged nglairaken kebrhasilanipun pembangunan nasional Indonesia ingkang maju,mandiri,demokrasi,lan adil.
            Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,cekap semanten atur kula mbokbilih wonten kalepatan anggen kula matur kula nyuwun agunging pangapunten.

            Wassalamualaikum wr.wb

No comments:

Post a Comment